Wong wicaksana sinau saka kacilakan, Pak Hambali malah kepéngin mbalèni.
Pada I
Puding soklat dodolé Hambali
Ngarep Masjid Agung Klaten mapan
Sandhal impor ing sikilé
Dikumbah awit lendhut
Solé lunyu lan durung garing
Awaké kaya ngleyang
Jebluk kaya gludhug
Wong ngira lindhu wis teka
Dudu lindhu, mung tibané Pak Hambali
Sandhal dadi rubéda
Pada II
Korbané saya akèh saiki
Ana sing tiba ing ngarep pasar
Sol lunyu kuwi sababé
Wis ora wani mlaku
Sing lokal luwih disenengi
Luwih aman yen udan
Sandhal kuwi perlu
Kasurat ing buku praja
Ananging sandhal imporé nggawa nyeri
Padha nuntut pabrikan
Pada III
Sandhal impor dadi barang bukti
Sandhalé ditata ana meja
Pak hakim takon bab solé
Tahan banyu kok lunyu?
Hambali isih nandhang nyeri
Pabrikan wiwit mbéla
Sing tiba sing luput
Sandhal iki kanggo apa?
Pabrikan ngotot ora gelem ngakoni
Hakim banjur ngendika
Pada IV
Ora pantes nyalahké Hambali
Sandhal kudu aman kanggo warga
Pak hakim nimbang buktiné
Sing salah kudu nanggung
Pabrikan kudu mbayar rugi
Hambali mesem lega
Dhuwit mlebu saku
Hambali bali dodolan
Wong padha tuku pudingé Pak Hambali
Pudingé nggawa berkah
Pada V
Pak Hambali ngetung ganti rugi
Dhuwité dipilah rong golongan
Cetha bedané dhuwité
Sing akèh saka tatu
Jebluk sapisan dadi sugih
Untungé saka lara
Mikir arep tuku
Tuku sandhal impor larang
Hambali kepéngin mbalèni rejeki
Jebluk manèh, ben kaya
Tag: Macapat
-
Sandhal Jepit lan Rejeki
-
Kacane Durung Kaisi
Durma
Pada I
Wengi kuwi takbukak laptop neng meja
Pangarsa nagih janji
Tugas mung ing sirah
Lembar kosong kabuka
Drijiku miwiti ngetik
Takpencet si A
Si A kok emoh tangiPada II
Pucuking pulpen takanggo nyukil si A
Jebul ora mung siji
Tuts H wis mbalela
Layar kaya wong edan
Spasi melu nglawan driji
Perang wis ana
Laptopku takwelingi
Pada III
Layarmu patbelas inci kok duraka
Sapa gurumu iki
Endi tata krama
Mung nulis tanpa dosa
Drijiku ra gelem rabi
Aja kokpeksa
Dudu mantenan iki
Pada IV
Saiki tuts Windows uga nandhang lara
Baline ora mari
Menune kabuka
Nulis dadi rekasa
Kacane durung kaisi
Pak, aku kalah
Wayahe ditambani
Pada V
Takdeleng tuts kang ambles kanthi curiga
Nesuku saya ndadi
Kok malah nganggur, ta?
Mbok ngrewangi sedhela
Takbedhah awakmu iki
Takbanting, bocah!
Jebul aku sing rugi
Pada VI
Bareng nesuku suda, aku rumangsa
Salahku dhewe iki
Tuts kang tanpa daya
Driji mencet tan kendha
Pungkasane dadi ringkih
Mbok ngapurana
Pegase lali bali
Pada VII
Laptop lara, aku menyang warnet desa
Kebak bocah ing kursi
Surak nganti njaba
Sing jaga nuding kana
Komputer lawas ing mburi
Mrana, lungguha!
Wernane seje iki
Pada VIII
Suwé anggoné mangertèni aksara
Jam pasir isih nari
Aku dadi tuwa
Durung ana ukara
Nesuku kumat saiki
Njaluk ngapura
Rong jam maneh nggarapi